Mulih Bareng Numpak Sepur: Sing Slamet, Sing Apes, Sing Begja, lan Sing Ilang

Entuk pambiyantune Om BEM lan Mas Jons, sejatine para MG sing duwe niyat mulih bareng numpak sepur KA Sawunggalih eksekutif wis ‘aman’, jalaran wis nyekel karcis. Nanging, nalika digelar ing kasunyatan jebul beda dadine.

Critane, Jumat sore (9 Juli) kuwi saperangan wewengkon Jabodhetabek kaberkahan udan. Wis ora kesamaran, dalan-dalan padha macet, apa meneh dina Jumat sore, luwih2 sisuke (10 Juli) tanggal abang. Wah!

Lilis, MG82 (Cawul) sing kajibah nggawa tiket, nyumurupi kahanan sing macet kuwi tumuli mutuske pindhah kendharaan. Seka mobil pribadhine, pindhah numpak ojek, seka tlatah kantor BI tumuju stasiun Pasar Senen. Iki mujudake keputusan sing bener tur pener. Dheweke bisa tumeka stasiun Pasar Senen, limang menit sadurunge sepur mangkat. Slamet….slamet…..
Aku, Ndara Putri karo Rochwati (kabeh Cawulers) wis tekan stasiun Pasar Senen luwih dhisik. Gandheng durung entuk katerangan sing gumathok babagan Lilis, kamangka wektune wis cedhak, tur gawane ya rada akeh (aku nyangking, ngewer-ewer nggawa termos loro gedhe2 sing kebak isi dhawet ireng), dak putuske langsung mlebu gerbong eksekutif tanpa nggawa karcis (lha wong penumpang, mlebu stasiun kok ndadak mbayar peron barang, ya wis ra papalah, hehehe). Lha nek saupamane Lilis nganti telat, aku wis nyiyapke skenario tartamtu liyane. Slamet…slamet….

Muntofiah (Cawuler )karo Mbak Sri Retnoningsih (MG75), sing lenggahe nang Bekasi, wis rumangsa ora keconggah munggah seka Pasar Senen. Pungkasane, mutuske munggah seka Jatinegara.

Bagyono (Cawuler), sajake lagi apes. Dheweke kebetheng ing samadyaning kemacetan sing magila-gila, pungkasane ora bisa tumeka stasiun Pasar Senen sadurunge tabuh 7 mbengi. Sepur wis kadung mangkat, nalika dheweke isih tekan wewengkon Pasar Baru. Bagyono kudu lila tininggal KA Sawunggalih. Aku asung pamrayoga, dheweke numpak KA Taksaka wae. Nalika dheweke tekan stasiun Gambir, karcis KA Taksaka wis entek. senajan tiket kanggo mangkat tanpa lungguh, wis ludhes…dhes…..dhes….

Dheweke isih duwe pengarep-arep sing pungkasan, yakuwi KA Senja Utama Solo sing mangkat seka Pasar Senen. Nanging, sawise mbudidaya, sawise dheweke tekan stasiun Pasar Senen, jebul sepure wis mangkat 5 menit kepungkur! Semprul!!!!! Apa tumon, telat kok nganti ping pindho! Jiaaaan, apes tenan si Bagyono iki!! Swasana reuni sing gayeng lan regeng mung bisa dadi angen2 thok! Pangudarasane, wis jaaaaaan, mesakke tenan pokoke. Nanging ya arep kepiye meneh, wektu wis ora bisa diputer balik meneh. Kepingin ngerti apa sing ana nang batine Bagyono? Iki lho sma-e Bagyono sing tumuju Lilis sing nggawa karcise Bagyono:

Quote:

Sorry ya lis… Saya nyerah.. Skrng dlm perjalanan ke depok; td dari senen ke gambir nyari taksaka, yg berdiripun habis, nyari yg ke surabaya, lewat semarang, pikirku dari smrng naik bis ke pwr… Sami mawon, ludes.. Bingung… Tlp teman teman, di kasih tau ada senja solo dari senen…maka meluncurlah ke senen.. Pas sampai pintu masuk, kereta berangkat…lha kok bisa ketinggalan kereta 2 kali.. Ya udah.. Akhirnya nyerah .kuputuskan pulang ke pelukan istri sambil mewek.. Hiks hiks hiks

Unquote

Sawise tekan njero gerbong eksekutif, Lilis crita, ana anggota Cawul sing kepeksa batal mulih, jalaran lagi ana musibah, tinilar dening sedulure, murud ing kasidan jati. Nanging karcise wis ana sing nggenteni, yakuwi panjenengane Mbakyu Adiyati, MG64. Nanging gandheng tekane nang stasiun Senen wektune wis mepet banget, kamangka gerbong eksekutif panggonane nang mburi dhewe, Mbakyu Adiyati munggah gerbong nomer 2 kelas bisnis, kanthi pangajap, alon2 bakal tumuju gerbong eksekutif seka njeron sepur. Nanging pangajap iki ya mung bisa dadi angen2 thok, jalaran gang nang njero sepur wis dikebaki penumpang ‘karcis ngadeg’, uyel2an. Aku wae sing wong lanang, ijen, tanpa gawan, ora bisa liwat!

Pungkasaning rembug, aku kasil kangsen karo Mbakyu Adiyati, lumantar Pak Tohirin (penumpang sing dinunuti dening dening Mbakyu Adiyati nang gerbong kelas bisnis), mengko nek wis tekan stasiun Cirebon, arep dak pethuk.

Tekan stasiun Cirebon, sepur mandheg. Nanging aku rada tidha2 arep methuk Mbakyu Adiyati, kuwatir nek sepure mung mandheg sedhela. Iki jalaran antarane gerbong kelas bisnis tekan gerbong eksekutif, adohe ora jamak (kudu ngiwati gerbong 7 cacahe, Mbakyu Adiyati rak ya wis sepuh ta, yuswane wis 60-an, lan ndilalah, gerbong eksekutif papane ora ana pancatan utawa papan kanggo ancik2). Nek nganti ketinggalan sepur kaya Bagyono, ha rak sida blaik!

Sawise mutuske arep methuk Mbakyu Adiyati, kanthi matak aji ‘septi angin’ lan aji ‘bayu bajra’, aku mlayu sabisaku tumuju gerbong bisnis nomer 2, nyaut gawane Mbakyu Adiyati karo mlaku rada rikat. Pungkasaning rembug, Mbakyu Adiyati sing ‘ilang’, kasil tinemu lan ngumpul bareng nang gerbong eksekutif. Limang menit sawise ngumpul, sepure nuli mangkat meneh. Slamet….slamet………

Nang njero gerbong eksekutif pinanggih para senior. Ana ing antarane, asmane Mas Wijoyo (MG69), sing jebul duwene karcis kelas bisnis. Lha gandheng karcise Bagyono ‘angus’ mula ya banjur
bisa diagem dening Mas Wijoyo. Wah, jan begja tenan Mas Wijoyo iki.

Hmmmm……….ya ngono kuwi critane lelakon numpak sepur bareng Jumat mbengi: ana sing ‘slamet’, ana sing ‘apes’, ana sing ‘begja’, lan ana sing ‘ilang’.

Lha babagan dhawet ireng kepiye? Pungkasaning rembug, sing ngrahapi dhawet ireng ora mung para MG thok, nanging uga para penumpang liyane sagerbong! Uenaaak tenaaan, kabeh pasuryane padha katon sumringah ngrahapi dhawet ireng sing pancen mirasa tur gratis sisan.

Maturnuwun katur Bu Siti Jaimah sing wis kersa nyarirani dadi sponsor, nyawisi dhawet ireng karo kabeh uba rampene (kanggo wong 100, malah saupama gunggunge 300 ya saguh). Wah, jiaaan, ngedab-edabi tenan lelabuhane piyayi Butuh, Kutoarjo, sing gebyar padinane ya mung katon prasaja iki. Sepisan meneh, matur nuwun. Lemah teles, Gusti Allah sing mbales.

Para MG utawa sapa wae ing tlatah Jabodhetabek sing arep duwe gawe lan ngersakke dhawet ireng Jembatan Butuh dadi salah sijining pasugatan kagem para tamu, bisa sesambungan langsung karo Bu Siti Jaimah, tilgem (tilpun gegem): 081310164109. Sumangga.

Cunthel.

Pratomo Setyohadi, MG’82 (Cawuler)

Gerbong KA Sawunggalih eksekutif, 11 Juli 2010